09 Februari 2015

Carane Gawe Jadwal Mingguna Ing Padamu Negeri

Assalamu'alaikum Wr.Wb.
Kanca-kanca kabeh, padha sehat ta?Alhamdulillah, muga-muga Gusti Allah tansah paring kenikmatan, kawarasan marang kita kabeh. Kanggo ngaktifake "Riwayat Pembelajaran" saiki Padamu Negeri ngetokake "fitur" Jadwal Mingguan". Jan-jane ya wis suwe fitur iku nanging sing saiki "otomatis" dihubungake karo "Riwayat Pembelajaran" utawa kaloka kanthi jeneng S12. Ana patang langkah nggarap jadwal iki, ning ya ra kudu, kanggone operator sing wis nglakoni salah siji utawa loro langkah-langkah ing ngisor iki yaiku :
  1. Menentukan Kurikulum dan sinkronisasi Mata Pelajaran dengan Kurikulum Nasional
  2. Pengaturan data siswa (kelola siswa /tambah siswa)
  3. Set Kelas/Rombel
  4. Pengaturan Model jadwal
  5. Memasukkan Model jadwal ke dalam kelas
Wis, ra kesuwen ngene carane :
1. Nemtokake Kurikulum dan sinkronisasi Mata pelajaran karo Kurikulum Nasional.
* Mlebua dhisik nyang Padamu Sekolah liwat "Login Operator Sekolah" kaya biasane.
* Terus kliken "Sekolah" ing menu banjur kliken "kurikulum"ing dasbor

 * Ning dasbor pilihen Daftar Mata Pelajaran
 * Pilihen kurikulum sing dinggo ning sekolahmu
 * Kliken tanda panah kanggo nyinkronake mata pelajaran
 * Klik Simpan
 * Klik Simpan
 * wenehana tanda centang kelas 1 nganti 6
 * Kliken Lanjut
 Yen pengin nambah mata Pelajaran Baru
* Klik tanda tambah mbaka sak kelas
* Pilihen KTSP apa Kurikulum 2013
 Yen pengin nglebokke Muatan Lokal
* Klik Muatan Lokal
 * Pilihen kelas, isinen kabeh kothak-kothak sing ana..Klik Simpan
 * Nek pengin nambah, kliken tanda tambah/lan (+)
 
Sakteruse>>>>>

Tidak ada komentar:

Posting Komentar